Selasa, 19 Februari 2013

Pidato Basa Jawa


Perpisahan Kelas IX

Assalamu’alaikum Wr. Wb. 
Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.
Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.
Para kanca, siswa-siswi SMPN 1 Cluring ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan, mangga kita tansah ngaturaken syukur dhumateng Gusti Mahakuasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun, amargi namung saking rahmat lan hidayahipun Gusti kita saged makempal dhateng adicara perpisahan siswa kelas IX punika kanthi sehat wal afiat.
Kaping kalih, Kula siswa kelas IX ingkang mewakili kanca-kanca kelas IX ngaturaken matur sembah nuwun kagem sedaya bapak ibu guru ingkang sampun mulang kula sakanca dangunipun tigang warsa.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih kula sakanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SMP punika. Kula minangka wakil siswa-siswi kelas sanga badhe nyuwun pamit dhumatang bapak ibu guru. Mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar lan boten wonten pepalang punapa-punapa. Kula sakanca nyuwun doa restu marang bapak ibu guru mugi-mugi gegayuhan kula sakanca saged kasil ing tembe wingkingipun. Ugi nyuwun doa supados kula sakanca saged dados tiyang ingkang migunani kagem keluarga, masyarakat, ugi bangsa lan negara.
Cekap semanten atur kula, menawi wonten kirang langkunging atur, nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar